Lirik Lagu "Nini Kartisem" (Sopsan Banyumasan)

 Lirik Lagu Ngapak Banyumasan:

Nini Kartisem

(Cipt. Sopsan)




Dasar ora nepak ngawak, (kartisem)

Eling umur wis sewidak, (punjule nenem)

Esuk sore tindak, nggawani lipen karo wedhak,

Go pranti moles awak..


Limbeyane nyempal blarak, (kartisem)

Gole mlaku pating kradhak, (ora teyeng kalem)

Liwat ngarep koplak, menyak kulit gedhang keplarak,

Mekrosak nibani cikrak..


  Reff

   Nek atos aja diklethak, (ninine...)

   Wis tua aja kemlithak, kegedhen emplak kurang cagak,

   Eling maring sanak, sedulur putu lan anak, aja kakehan sing dicandhak..


   Mlebu nggua nggramak-ngramak, (ninine...)

   Tambah tua tambah ladak, gole polah kaya wong pencak,

   Dhela-dhela njimprak, banjuran ngguyu njekakak, karo merem ndangak-ndangak..


Esuk-esuk kayong gipyak, (kartisem)

Diundang ora gelem nylingak, (apa maning mesem)

Nganggo sandal gapyak, onine pating kemlithak,

Kepadhuk ngrungkebi becak..


...("kembali ke reff")...


#matur nuwun wis mampir lur

#moga-moga bisa menghibur 

#niniKartisem

#fajarSopsan

#laguBanyumasan

#lirikLaguLucu

#laguNgapak


Link Dunya (iklan):

Link 1 (1)

Link 2 (1)

Posting Komentar untuk "Lirik Lagu "Nini Kartisem" (Sopsan Banyumasan)"